Tuladha Atur Halal Bihalal

Tuladha Atur Halal Bihalal

Tuladha 1

  • Kulo sowan wonten ing ngarsanipun Bapak/Ibu, sepindah, nyaos sembah pangabekti mugi
    katur ing ngersanipun Bapak/Ibu.
  • Ongko kalih, mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kulo saklimah, tuwin lampah kulo
    satindak ingkang katingal menapa mboten katingal sarjuning panggalih, mugi Bapak/Ibu kerso maringi agunging samudro pangaksami.
  • Kulo suwun kaleburna ing dinten riyadi puniko lan ingkang putra nyuwun berkah soho
    pangestu.

Tuladha 2

  • Kulo ngaturaken sembah ngabekti dhateng panjenengan, ugi nyuwun pangapunten ing sadeleme manah dumateng sedaya agengipun kelepatanipun tindak tanduk ingkang katingal menapa mboten katingal.
  • Mugi mugi Allah nglebur dosa kulo lan panjenengan ing dinten riyaya meniko.

Tuladha 3

  • Kulo ngaturaken sugeng riyadi lan nyuwun pangapunten dumatheng sedoyo kalepatanipun lan klenta klentinipun kulo.

Tuladha 4

  • Dinten menika dinten bakdo riyadi, kepareng matur taqabbalallahu minna wa minkum, shiyamana wa shiyamakum, kullu ‘amin wa antum bikhair.
  • Kula menawi gadhah kalepatan ingkang disengojo lan mboten disengojo dhumateng Ibu lan Bapak, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.


Jawaban Sungkem 1

Semono uga aku, wong tuwa uga akeh klera-klerune
Kowe uga ngagungna pangapura
Ora luwih, kowe bisaa kabul kang dadi ancas
lan dadi gegayuhanmu

Ora luwih, aku wong tuwa
mung bisa ndedonga marang Pangeran
Iya, kowe dak pangestoni

Jawaban Sungkem 2

โ€œAku dadi wong tuwa ya semono uga akeh salah lan luput. Aku ngapurani kabeh klera kleru mu
ananging aku uga njaluk ngapura. Muga muga Gusti Pangeran pangestoni apura lan apurane awake
dewe.โ€

6 Mei 2023

0 Tanggapan pada "Tuladha Atur Halal Bihalal"

Berikan Komentar Anda

Halo Kak selamat datang! Bila ada yang mau ditanyakan bisa langsung hubungi kami ya..

Mau Ikut Kursus Lolos Ujian Perangkat Desa?